Diana Spencer
| Diana | |
|---|---|
| Puteri Wales | |
| Pasangan | Charles, Pangeran Wales (1981–1996)[1] |
| Yoga | |
| Pangeran William dari Wales Prince Harry of Wales |
|
| Nami jangkep | |
| Diana Frances Spencer[2] | |
| Gelar | |
| Diana, Princess of Wales HRH The Princess of Wales Lady Diana Spencer The Hon Diana Spencer |
|
| Dinasti | Dinasti Windsor |
| Bapa | Edward, Earl Spencer |
| Ibu | Frances, Viscountess Althorp |
| Tanggal wiyosan | 1 Juli 1961 |
| Papan | St. Mary Magdalene Church, Sandringham |
| Tanggal tilar donya | 31 Agustus 1997 (umur 36) |
| Papan | Althorp, Northamptonshire, England |
Diana Frances Mountbatten-Windsor; née Lady Diana Spencer; lair 1 Juli 1961 – pati 31 Agustus 1997 ing yuswa 36 taun) iku garwa pisanan saka Charles, Pangeran Wales, anak pambarep Ratu Elizabeth II lan uga mianangka pewaris takhta krajaan Britania Raya lan 15 negara Persemakmuran Inggris. Putra-putrné, Pangeran William lan Harry ana ing urutan kaloro lan katelu jroning urutan pewarisan takhta kasebut.
Babad salira[besut | besut sumber]
Diana Frances Spencer iku putra kaloro saka Edward John Spencer, sing sabanjuré dadi Earl Spencer ka-8, karo garwa pisanan Frances Spencer, Viscountess Althorp. Diana dilairaké ing Park House, Sandringham, ing Norfolk, Inggris, lan dibaptis ing Gereja Santa Maria Magdalena déning Pendeta Percy Herbert.
Diana nduwèni latar wuri kulawarga krajaan lan bangsawan. Saka ibuné, Diana marisi getih wong Amérika. Leluhur Diana sawijining wanita saka kulawarga sugih saka Amérika, Frances Works. Saka ramané, Diana minangka katurunan langsung Raja Charles II lumantar loro putra tanpa nikah lan nerusaké Raja James II liwat siji putri sing tanpa nikah. Miturut panyusun biografi Diana, Lady Colin Campbell, leluhur Diana, Eliza Kewark (sawetara sumber ngéja jeneng Kewark minangka "Kevork" utawa "Kevorkian") asal saka Bombay, India lan kamungkinan katurunan wong India, senadyan kulawarga Diana kerep nyatakaké yèn kulawarga "Kevork/Kewark" iku saka Armenia. Sawisé wong tuwané pisahan, Diana banjur dirumat déning ramané.
Kasédan[besut | besut sumber]
Tanggal 31 Agustus 1997 Diana tilar donya jroning kacilakan montor ing dalan trowong Pont de l'Alma ing kutha Paris bebarengan karo Dodi Al-Fayed lan supir Henri Paul [3].
Rujukan[besut | besut sumber]
- ^ BBC.com (2005). "1995: 'Divorce': Queen to Charles and Diana" (html) (ing English). BBC. Paramèter
|accessdaymonth=sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung); Paramèter|accessyear=sing ora kawruhan dikiwakaké (disaranaké|access-date=) (pitulung) - ^ As a titled royal, Diana held no surname, but, when one was used, it was Mountbatten-Windsor
- ^ "Timeline: How Diana died". BBC News. Dijupuk 2007-01-08.
|

