KAPOKE MIKO
Bocah
tomboy kang lungguh ing ngarepku kuwi jenenge Cherry. Cherry Tanoyo lengkape. Cherry
mono isih anyar ingkampungku kene. Sakdurunge
Cherry urip ing Semarang, awor karo simbahe. Nalika dak takoni ngapa kok pindah
ing Sarirejo, Cherry kandha menawa melu Papahe. Papahe tibane kelairan desa
Sarirejo. Dene Mamahe asli saka Semarang kana. “Apa
ora penak ing Semarang to, Cher?” Cherry
manggut. Anging piye maneh. Soale Papahe diserahi ngurus perusahaan beras ing
Sarirejo kene. Aku manthuk-manthuk
krungu semaure Cherry. “Eh,
kowe arep lumpia? Aku tas bae dikirimi Omaku ka Semarang.” “Tenane?” Cherry
ngacungke jempole. Wah, ndeleng kuwi aku ora kathik mikir maneh. Langsung
njawab iya. Cherry banjur menehi isyarat supaya aku nunggu sedhela. Dheweke
arep mlebu lan njupuk lumpia dhisik. Aku mung manthuk kaya beo. Dene Cherry
banjur bablas menyang njero omahe. Ora nganti limang menit Cherry bali karo
nggawa baki. Ing dhuwure baki mau wus ana lumpia cacah papat lan es jeruk. “Byuh,
kok repot-repot me…

