MUKENA KANGGO EMAK
Mukena
ing cantholan kuwi rupane wis kuning. Ana perangan kang suwek, nanging ditisik
saengga ora katon. Renda ing pinggire mukena uga akeh sing dedes. Ketara menawa
umure mukena wis tuwa. Mandeng mukena mau Lila dadi trenyuh. Kepingin rasane
nukokne mukena anyar kanggo Emak. Nanging apa sing arep dienggo nukokne? Lha
wong duwit sitheng bae ora nduwe. Kanthi
rasa prihatin Lila ndeleh mukena ing cantholan maneh. Ing batin Lila ndonga
supaya bisa antuk rejeki. Mbuh piye cara. Yen wus cukup mengko arep dienggo
tuku mukena. Tas mari
nyantholne mukena, dumadakan ana sing celuk-celuk. Lila cepet-cepet mbukak
lawang ngarepan. Ngertakne sapa sing ngundang. Wo, tibane Danisha. Kanca rakete
ing kelas VA. “Hei,
Nish. Ana apa?” Danisha
ora semaur, mung ngelungne kresek kang gemantung ing sepedahe. Lila nampani
karo ujar ,”Apa iki?” “Coba
delengen.” Lila nuli
mbukak kresek. Tibane ing njeroanak ayam
goreng tepung cacah papat. Gedhi-gedhi pisan. Wah, jan rejeki nomplok! Ora dinyana antuk lawuh enake kay…

